Wirang – Dinda Teratu

Sah
Jam sewelas bengi aku mbok tinggalna
Mbok tolak tanpa sebab sing pasti
Nglarani

Aku kadhung sayang
Kadhung gadhang-gadhang
Lungamu dadi traumaku
Ngene men kisah bujangku

Adheme angin wengi teka
Ngancani aku kelangan kanca crita
Jane namung masalah tresna
Tapi kok ya lara

Yen akhire wirang, ben wirang pisan
Yen akhire lara, ben lara tenan
Apa wong tulus wis garise ngene?
S’lalu ngancani, ilang ending-e

Tresnaku kaya bonsai Anting Putri
Mbok sirami rina lan wengi
Masiya elok, endah disawangi
Tapi dipeksa ra isa gedhi

Ha-ah-ah, sabar ati, sabar ngadhepi
Nandure kembang, tukul wirang
Yungalah tenan, nandhese tenan
We nganggep aku sewates kancamu

Iki namung masalah tresna
Tapi kok ya lara

Yen akhire wirang, ben wirang pisan
Yen akhire lara, ben lara tenan
Apa wong tulus wis garise ngene?
S’lalu ngancani, ilang ending-e

Tresnaku kaya bonsai Anting Putri
Mbok sirami rina lan wengi
Masiya elok, endah disawangi
Tapi dipeksa ra isa gedhi

Jane namung masalah tresna
Tapi kok ya lara

Perkutut FM dapat juga didengarkan pada aplikasi Podcast Spotify dan Noice.

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back To Top