Cidro 2 – Syahiba Saufa

Cidro 2

Durung nganti garing

Tatu sing ning atiku

Tego-tegane sliramu

Nambahi loro batinku

Aku ora percoyo

Nanging kabeh iki nyoto

Cetho neng ngarepe moto

Yen sliramu kuwi cidro

Panas panase srengenge kuwi

Kang nguliti awak iki

Nanging sek panas rasaning ati

Nyawang kadadean iki

Lungo awakku seng kudu lungo

Timbang batinku keloro-loro

Ra bakal awakku iki

Bali nemoni sliramu

Lilo awakku iki wes lilo

Senajan loro ning jero dodo

Yen pancene uwes nasibku

Kudu pisahan karo awakmu

Yen pancene uwis nasibku

Kudu pisahan karo awakmu

Tinggalkan Balasan

Alamat email Anda tidak akan dipublikasikan. Ruas yang wajib ditandai *

Back To Top